Båndhå iku pêrlu nangíng åjå diumúk-umúkaké, drajad lan pangkat iku pêrlu, åjå dipamèr pamèraké, jalaran biså mlèsèdaké awaké dhéwé.
Åjå mélík darbèking liyan, margå rêbutan råjåbrånå lan wanita iku biså
Wêwalêr : # 103
Åjå sênêng mamèraké båndhå lan ngêgúngaké pangkat, sêbab båndhå biså lungå, drajad/pangkat bisa oncat.
Wêwalêr : # 104
Åjå sênêng marang wóng kang ngujå håwå napsu margå akèh bandhané. Jalaran båndhå mau bisa gawé cilåkå amargå durúng mêsthi båndhå kang rêsík.
Pitudúh : # 105
Ing samubarang gawé åjå sók wani mêsthèkaké, awít akèh lêlakón kang akèh bangêt sambékalané síng ora biså dinuga tumibané.
Pitudúh : # 106
Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbúh karo uniné bêbasan : "Sabar iku kunciníng swargå", atêgês marganíng kamulyan.
Pitudúh : # 107
Kahanan donya iki ora langgêng, tansah owah gingsír.
Pitudúh : # 108
Saibå bêciké samangså wóng kang lagi kasinungan kabêgjan lan nampå kabungahan iku tansah élíng gêdhé ngucap syukúr marang Kang Pêparíng. Awít élinga yèn tumindak kåyå mangkono mau kêjåbå biså ngilangi watak jubriyå uga mlêtikaké råså rumångså yèn wóng dilairaké marang sapådhå-padhané titah, mbêngkas kasangsaran, munggahé ngrêkså hayuníng jagad.
Pitudúh : # 109
Åjå sók ngêndêl-êndêlaké samubarang kaluwihanmu, åpå manèh mamèraké kasugihan lan kapintêranmu. Yèn anggónmu ngóngasaké dhiri mau múng winatês ing lathi tanpå búkti, dhóngé pakarti kåyå mangkono iku ngêngón awakmu dadi ora aji.
Pitudúh : # 110
"Rumångså sarwå duwé" lan "Sarwå duwé rumångså", iku yèn ditulís gênah múng diwolak-walík baé, nangíng surasané jêbúl kåyå bumi karo langit.
Nadyan wêsi iku kanyatané atós, éwa sêmono yèn wís kêtrajang ing taiyèng yå bakal êntèk gripís.
Pitudúh : # 112
Yèn sirå sacårå badaniyah lan rohaniyah têtêp kêpingín bagas kuwarasan, tansah élingå róng prakårå iki :
1. Tansah jaganên sakèhíng samubarang kang nêdyå sirå lêbókaké ing tutúk, dithinthíng luwíh dhisík åpå bakal gawé rusakíng rågå åpå ora.
2. Kulinaknå mikír luwih dhisík samubarang kang arêp sirå wêtókaké såkå tutúk.
Pitudúh : # 113
Digêndhóngånå dikuncènånå kåyå ngåpå, nangíng wóng iku yèn wís tinakdír têkan janjiné utåwå ajalé, mångså bakal wurungå.
Pitudúh : # 114
Ngombé lan mêmangan yèn tanpå takêr lan tanpå pilíh-pilíh iku pancèn biså nêkakaké bilahi.
Pitudúh : # 115
Kamulyan lan kanikmataning uríp wóng-wóng kang sugíh dituku måwå tangising rakyat kang mlarat.
Pitudúh : # 116
Kang kinaran janmå kang wís kadunúngan cíptå kang wêníng iku, yåiku såpå kang wís têmên-têmên mantêp pangidhêpé marang Gústi Kang Múrbèng Dumadi.
Pitudúh : # 117
Pambudidayanirå manêmbah marang Pangéran iku prayogané åjå sirå anggo sarånå ngalab tumuruníng pêparingé, nangíng mligiya nindakaké panêmbah múng såkå niyat manêmbah.
Pitudúh : # 118
Ånå sawènèhíng wóng kang duwé pênganggap mênawa nyênyuwún sihíng Allah iku ora ånå gawéné.
Pitudúh : # 119
Wóng kang kulina ngéníngaké cíptané kang rêsík ing wayah ésúk, lawas-lawas banjúr biså ngêningaké cíptané ing wayah bêngi ugå, lan sangsåyå lawas manèh bisa ngêningaké cíptå ing wayah åpå baé lan ing ngêndiya baé.
Pitudúh : # 120
Yèn pinuju wayah bêngi langité têrang banjúr tumêngåå ing tawang, kita bakal nyipati sapérangané gêlaríng alam, abyóríng langít kang sumilak sinêbaran lintang-lintang patíng krêlip, gêdhé cilík kåyå wís sêngadi tinåtå panggónané, angin sumilír ngobahaké kêkayónan lan gêgódhóngan kang ngandhút arumíng gandané kêkêmbangan.
Pitudúh : # 121
Tumrapíng wóng múrsíd yèn pinuju kambah ing prihatin, nolah-nolèh ngiwå nêngên wís ora ånå pitulungan manèh kang biså diarêp-arêp têkané.
Pitudúh : # 122
Ala-alaníng kêlakuwané wóng ora kåyå kang sinúng watak "Såpå sirå såpå ingsún". Margå sèndhènan kaluwihané, êmbúh kêkuwasaané, êmbúh karósan, sênêng tumindak sawênang-wênang marang kalahané kang wís titå ora bakal kumawani mancahi gêdhéné nganti wani mbandakalani kêkarêpané.
Pitudúh : # 123
Sabên dinå kitå ajêg rêrêsík badan lan pênganggo, kajåbå amríh bagas kuwarasan ugå katón apík lan ngrêsêpaké.
Pitudúh : # 124
Suméndhé ing takdir iku dudu sipaté wóng kang sênêng ulah luhuríng kêbatinan, nangíng dadi wataké wóng kang lumúh tumandang gawé lan cupêt nalaré.
Såkå kayungyúníng manungså marang båndhå, sêmat lan drajad anggóné migunakaké nganti kêrêp nglírwakaké kautaman, nglalèkaké jêjêríng kamangnungsan.
Pitudúh : # 126
Uríp tanpå gêgayuhan luhúr, bêbasané kåyå lêlawuhan tanpå uyah, sêpå tan miråså.
Pitudúh : # 127
Sakabèhíng tumindak iku panimbangé manút kawusanané.
Pitudúh : # 128
Ciri-ciriné jiwa kang isih kóthóng mono biså dititík såkå ulat praupan, tutúr wicara, lan tingkah lakuné kang ora naté gêlêm kalah.
Pitudúh : # 129
Sabên tumindak sêjangkah ngilowå marang kinclóng-kinclóngé banyu samudrå síng suthík kanggónan sangkrah, jalaran sakèhé uwúh mêsthi disingkíraké minggír.
Pitudúh : # 130
Såpå kang bisa nêlukaké mungsúh-mungsúhé, dhèwèké diarani kuwat. Anangíng såpå kang bisa nêlukaké awaké dhéwé, iya dhèwèké iku kang luwíh kuwat manèh.
Pitudúh : # 131
Samångså lagi ngadhêpi uríp rêkåså prayogané adhêpana klawan èsêm gumuyu.
Pitudúh : # 132
Såpå kang nganggêp åpå baé gampang, mêsthi bakal nêmu akéh rubédå. Såpå kang gampang janji, iya kuwi kang arang nêtêpi.
Pitudúh : # 133
Uríp têgêsé mbudidåyå ngêtóg tênågå (bêrjuwang).
Pitudúh : # 134
Laku jujúr kuwi pådhå karo dhuwit kang biså laku ing ngêndi baé.
Pitudúh : # 135
Kang bêcík lan ålå, kabèh mêsthi nåmpå pikolèh, sênajantå kadhangkadhang nampané cêpêt, kadhang-kadhang alón.
Pitudúh : # 136
Wóng kang kinaranan bêrbudi iku, yåkuwi wóng síng rumångså tambah kasíksa yèn nyumurupi sapêpadhané nandhang påpå lan kasangsaran. Runtúhé råså wêlasé adaté banjúr sinusúl sarånå cucúlé prabéyå lan barang darbèké.
Pitudúh : # 137
Manungså kuwi dadiné bêcík miwiti såkå njêro mênjåbå.
Pitudúh : # 138
Kang waspådå marang awakmu dhéwé jalaran iyå awakmu dhéwé kuwi kang mujúdaké mungsúhmu kang palíng gêdhé.
Pitudúh : # 139
Manungså kang múng ngélingi marang pakartiné pancadriyané mono bakal tansah kasinungan råså dhêmên utåwå sêngsêm.
Pitudúh : # 140
Wóng juwèh, kawruhé tumèmpèl ing lambé, kumrêcêk ngêbaki ing pasamuwan, katút samirånå mrånå-mréné.
Pitudúh : # 141
Amríh uríp kita tansah nêmóni rahayu, åjå kêndhat nggêgulang nandúr cíptå utåmå sajroníng ati sanubari kita sinartan panyuwunan kang manthêng marang Gústi Kang Måhå Wêlas lan Måhå Asíh, mugå pinaringan nugråhå biså ndarbèni ati kang wêníng lan jiwå kang utåmå. Pancèn ora gampang wóng ngudi bisané kasinungan cíptå utåmå ngélingi mênåwå manungså mono mulå wís kêsêrênan sipat apês lan lali.
Pitudúh : # 142
Kawrúh lan "Ilmu pêngêtahuan" iku múng biså digayúh lan dikuwasani kanthi laku kang laras karo åpå kang diwulangaké.
Pitudúh : # 143
Banyu iku bisaníng bêníng yèn wís mênêp. Sanadyan mauné buthêk,
Yèn kêpingín nglungguhi pangkat kang dhuwúr luwíh prayogå yèn dikawiti såkå kalungguhan kang êndhèk dhéwé.
Pitudúh : # 145
Ginubêl déníng råså "Tansah kurang marêm" marang asilíng pakaryan utawa jêjibahan kang diayahi, saugêr ora ngångså-ångså, sayêkti malah dadi pamêcút kang bêcík kanggo luwíh maju.
Pitudúh : # 146
Élingå, mbésúk yèn wís tumêkaning janjiné ora kênå ora, badan wadhag lan sabarang kalír kang kita darbèni iki bakal kita tinggalaké kabèh, ora ånå kang kitå gåwå mênyang alam kalanggêngan.
Pitudúh : # 147
Batiné wóng kang bisa ndarbèni ati nriman iku tansah ayêm lan têntrêm, margå satingkah laku tansah linambaran kêyakinan kang kandêl marang kadar pêparingé Pangéran.
Pitudúh : # 148
Abót-abóting cobå tumraping ngauríp iku malah ora kåyå wóng kang lagi kêbyukan sihíng Gústi Allah.
Pitudúh : # 149
Ambudidåyåå ing båndhå manút sakatógíng tênågå nangíng åjå lali kinanthènan tékad lan sêdya yèn sapérangan bakal kita tanjakaké kanggo nindakaké pangibadah.
Pitudúh : # 150
Yèn sirå pinuju nandhang bagas kuwarasan, élinga yèn nalika kênå ing lårå, supríh sirå têtêp bagas kuwarasan kanthi sêsirík prakårå-prakårå kang mbiyèn nyêbabaké lårå.