Pitudúh : # 53
biså ngêtrapaké têmbúng kang manís kang pêdhês, sêpêt,bisa gawé sênêngíng ati.Yèn kumpúl pandhitå kudu biså ngómóngaké têmbúng kang bêcík. Yèn ånå sangarêpíng mungsúh kudu biså ngatónaké kuwåså pangaribåwå kaluwihané.
Pitudúh : # 66
Pårå mudhå åjå ngungkúraké ngudi kawrúh kang nyåtå amríh biså kinaryå kuwatíng nagårå, unggulíng bångså, lan biså gawé rahayuníng sasåmå.
Panguwåså pamóngé nêgårå iku kudu biså gawé têntrêm pårå kawulané, amargå yèn ora mangkono biså kadadéyan pårå kawulå ngrêbút panguwasaníng nêgårå.
Pitudúh : # 68
Nêgårå kuwat iku margå kawulané sênêng uripé lan disujudi déníng liyå nêgårå.
Pitudúh : # 69
Lamún sirå dadi wadyåbålå pamóngíng nagårå, åjå sirå dhêmên kuwåså dhéwé. Jalaran yèn sirå wís ora kasinungan panguwåså manèh, ing têmbé bakal ndadèkaké ora kajèníng awakirå ing têngahíng bêbrayan. Ngélingånå yèn sêjatiné isíh ånå wóng kang biså ngalahaké sirå ing babakan åpå baé.
Pitudúh : # 70
Déné síng mêngku nagårå ora darbé watak "Bêr budi båwå lêksånå".
Iku biså njalari wadyabålå kang
dadi têtungguling prajurít nêgårå kuwi ora sujúd manèh lan biså ugå kêpingín ngrêbút panguwasaníng nêgårå.
Pitudúh : # 71
Yèn wóng bêcík kang kuwåså, kabèh kang ålå didandani lamún kênå, déné yèn ora kênå disingkíraké mundhak nulari (cuplak andhêngandhêng).
Pitudúh : # 72
Pêrang iku bêcík lamún tujuwané nggayúh kamardikaníng nagårå lan bangsané, lan pêrang iku ålå lamún kanggo njarah rayah darbèkíng liyan.
Pitudúh : # 73
Wóng ålå yèn bisa kuwåså, kang ålå iku diarani bêcík. Kósókbaliné yèn wóng bêcík kang kuwasa, kang bêcík iku kang ditindakaké.
Pitudúh : # 74
Wajibíng warganíng nagårå iku kudu biså rumångså mèlu handarbèni, wajíb mèlu hanggóndhèli. Mulat sarirå hangråså wani.
Wêwalêr : # 75
Åjå sênêng yèn lagi darbé panguwåså, sêrík yèn lagi ora darbé panguwåså. jalaran kuwi-kuwi ånå bêbêndhuné dhéwé-dhéwé.
Wêwalêr : # 76
Åjå múng kêpingín mênangé dhéwé kang biså marèkaké crahíng nagårå lan bångså, kudu sênêng rêrêmbugan njågå katêntrêman lahír batín.
Pitudúh : # 77
Båpå biyúng iku minångkå lantaran uríp ing ngalam donyå.
Pitudúh : # 78
Síng såpå lali marang wóng tuwané prêsasat lali marang Pangérané, Ngabêktiyå marang wóng tuwå.
Pitudúh : # 79
Wóng tuwå kang ora ngudi kabêcikan sartå ora ngêrti marang udånagårå (trapsilå, unggah-ungguh) lan tåtå kråmå, kuwi sêjatiné dudu panutané putrå wayah.
Pitudúh : # 80
Såpå síng sênêng uríp têtanggan, kalêbu janmå linuwíh.
Pitudúh : # 81
Paribasané tånggå iku pådhå karo båpå biyúng.
Pitudúh : # 82
Tånggå kang ora bêcík atiné åjå dicêdhaki nangíng åjå dimungsuhi.
Pitudúh : # 83
Sadumuk bathúk sanyari bumi ditóh pati.
Mikul dhuwúr mêndhêm jêro.
Pitudúh : # 85
Anak iku minångkå têrusané wóng tuwå, ora ånå katrêsnan kang ngluwihi katrêsnané wóng tuwå marang anak.
Pitudúh : # 86
Trêsnå marang mantu iku pådhå baé trêsnå marang putrå, jalaran putu iku wóhíng katrêsnané putrå lan mantu.
Pitudúh : # 87
Sayojånå iku dóhé sêpulúh èwu dhêpå.
Pitudúh : # 88
Gólèk jodho åjå múng mburu éndahíng warnå, sênajan ayu utåwå bagús.
Wêwalêr : # 89
Åjå ngaku wóng tuwå lamun wóng tuwamu katón sugíh lan dhuwúr drajadé, jalaran pangkat lan bandhané wóng tuwamu iku mau bisa sirnå sadurungé sirå warisi.
Wêwalêr : # 90
Åjå gampang nyêpatani anak nganggo têmbúng kang ora prayogå, jalaran sêpatané wóng tuwå bisa numusi sartå bisa ngilangaké råså bêktiné anak marang wóng tuwané.
Wêwalêr : # 91
Åjå mènèhi jênêng marang anak síng kurang pantês, jalaran jênêng síng disandhang anak bakalé kagåwå nganti dêlahan (akhérat).
Pitudúh : # 92
Båndhå kang rêsík iku båndhå kang såkå nyambút karyå lan såkå pamêtu séjéné kang ora ngrusakaké liyan.
Pitudúh : # 93
Kadonyan kang ålå iku atêgês múng ngångså-ångså golèk båndhå donyå ora mikiraké kiwå têngêné, ugå ora mikiraké kahanan batín.
Pitudúh : # 94
Golèk båndhå iku samadyå baé, udinên katêntrêman njåbå njêro.
Pitudúh : # 95
Båndhå iku anané múng anèng donyå, mula yèn mati ora digåwå.
Pitudúh : # 96
Wóng golèk kêmakmuran iku ora kalêbu ngoyak kadonyan.
Pitudúh : # 97
Båndhå iku gawé múlyå lan ugå gawé cilåkå.
Pitudúh : # 98
Wóng uríp åjå tansah kêpingín båndhå baé, jalaran kasugihan iku ing samångså-mångså biså gawé cilåkå.
Pitudúh : # 99
Síng såpå tansah ngêgúngaké pangkaté, wirang lamún ånå owahing jaman.Síng såpå ngêgúngaké bandhané, wirang lamún sírnå bandhané.
Pitudúh : # 100
Dhèk jaman kunå pêrang iku rêbutan båndhå, nêgårå, lan mbóyóng putri. Nangíng jaman iku ilang barêng wís ngêrti mênåwå wanitå bóyóngan mau biså gawé ringkihíng nagårå.
Sumber: www.ki-demang.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar